السلام عليكم ورحمة
الله وبركاته
بسم الله الرحمن الرحيم الحمد لله الذي
أحلّ النكاح وحرّم السفاح اشهد ان لاإله الِاّ الله وحده لاشريك له واشهد انّ محمدا
عبده ورسوله لا نبيّ بعده الصلاة والسلام علي رسول الله صلي الله عليه وسلّم سيّدنا
ومولنا محمد شفيع الامّة وعلي اله وصحبه ومن وله ولا حولا ولا قوّة إلا بالله
أمّا بعد
قال الله تعالي في كتابه الكريم أعوذ بالله من الشيطان الرجيم بسم الله
الرحمن الرحيم ومن أياته أن خلق لكم من أنفسكم ازواجا لتسكنوا إليها وجعل بينكم مودّة
ورحمه إنّ في ذلك لأيت لقوم يتفكّرون الأيه وقال النبيّ صلي الله عليه وسلّم يا معشر
الشباب من استطاع منكم البىٔة فاليتزوّج فإنه أغضّ للبصر وأحصن للفرج وقال أيضا النّكاح
سنّتي فمن رغب من سنّتي فليس مني الحديڽ اوكما قال:
Kunjuk
pangarsanipun poro ‘alim ‘ulama’ engkang tansah kulo bektosi,khususipun
dumateng bpk Kyai....engkang tansah kulo lan panjenengan sedoyo antu2 menggah
do’a barokahipun.Poro pini sepuh sesepuh kakung putri engkang tuhu kinabekten,pangemban
pangembating projo nuwun inggih bapak kepala desa/bapak kadus sak perangkatipun
egkang tansah kulo hormati,poro tamu undangan sedoyo engkang dhat
kinurmatan,poro kadang mudo taruno engakang tansah kulo
trasnani,langkung-langkung dumateng shohibul walimah nuwun inggih
bopo.....engkang tansah kulo hormati,pinanganten kekalih engkang berbahagia.
Pujo
puji syukur kito haturaken ing ngarso gusti engkang moho kuwoso engkang sampun
maringi pinten-pinten karohmatan,taufiq hidayah tuwen inayahipun dumateng kito
sdoyo sahinggo ing ksempatan puniko kulo lan panjenengan sdoyo waget ijabatudda’wah
hangrawuhi punopo engkang dados atur pamundutipun bopo.....dalam rangka
walimatul ‘usry kanti mboten manggihi alangan stunggaling punopo,kanti puniko
monggo syukur billisan kito ikroraken sesarebgab mawi wahosan kalimah tahmid
ALHAMDULILLAHI ROBBIL ‘ALAMIIN. Sholawat tuwen salam mugi katetepno ing ngarso
junjungan kito nabi agung muhammad SAW
engkang tansah kito sdoyo antu-antu menggah syafa’atipun wiwit kito gesang ing
ngalam ndunyo puniko ngantos gesang kito samangkih ing ngalam akhirat...
Porp
pilenggah kakung putri sdoyo engkang tansah kulo mulya’aken, nuwun agungeng
samudro pangaksami awet sangkeng kawulo kumawantun cumantoko ing ngarso
panjenengan sami hangirangi ing kamardikan mboten sanes hanamung anyendikani
pamundutipun shohibul walimah nuwun inggih bopo....engkang supados andere’aken
lampahing pawiwahan ing wekdal siang/sonten puniko,ngemuti wekdal sampun sak
antawis siang pramilo monggo acoro deme ocoro kito milai, ananging sak
derengipun langkung rumiyin kulo wahosaken menggah rantaman-rantamanipun acoro
engkang badhe kalampah samangkeh..
Acoro
engkang ongko sepisan nuwun inggih pambuko
Acoro
engkang ongko 2 nuwun inggih atur pasrah sangking pihak temanten
kakung,paripurnanipun atur pasrah katerasaken acoro engkang ongko 3 nuwun inggih
atur panampi pasrah saking pihak temaren putri.atur pambagyo harjo dumawah
adicoro engkang ongko 4,slajengipun acoro engkang ongko 5 nuwun inggih
mau’idhoh hasanah,tuwen acoro engkang ongko trahir nuwun inggih panutup.mekaten
menggah wontenipun acoro demi acoro engkang kalampah samangkeh fa’ingsya
alloh.sumonggo acoro engkang sepisan kito bikak sareng-sareng mawi wahosan
ummul kitab.
Dumawah
acoro engkang ongko 2 nuwun inggih atur pasrah saking pihak temanten
kakung,pramilo kagem duto saking temanten kakung kulo sumangga’aken
sumonggo....