Sabtu, 08 Maret 2014

Protokol/mc mantenan




السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
  بسم الله الرحمن الرحيم الحمد لله الذي أحلّ النكاح وحرّم السفاح اشهد ان لاإله الِاّ الله وحده لاشريك له واشهد انّ محمدا عبده ورسوله لا نبيّ بعده الصلاة والسلام علي رسول الله صلي الله عليه وسلّم سيّدنا ومولنا محمد شفيع الامّة وعلي اله وصحبه ومن وله ولا حولا ولا قوّة إلا بالله
أمّا بعد
قال الله تعالي في كتابه الكريم أعوذ بالله من الشيطان الرجيم بسم الله الرحمن الرحيم ومن أياته أن خلق لكم من أنفسكم ازواجا لتسكنوا إليها وجعل بينكم مودّة ورحمه إنّ في ذلك لأيت لقوم يتفكّرون الأيه وقال النبيّ صلي الله عليه وسلّم يا معشر الشباب من استطاع منكم البىٔة فاليتزوّج فإنه أغضّ للبصر وأحصن للفرج وقال أيضا النّكاح سنّتي فمن رغب من سنّتي فليس مني الحديڽ اوكما قال:
Kunjuk pangarsanipun poro ‘alim ‘ulama’ engkang tansah kulo bektosi,khususipun dumateng bpk Kyai....engkang tansah kulo lan panjenengan sedoyo antu2 menggah do’a barokahipun.Poro pini sepuh sesepuh kakung putri engkang tuhu kinabekten,pangemban pangembating projo nuwun inggih bapak kepala desa/bapak kadus sak perangkatipun egkang tansah kulo hormati,poro tamu undangan sedoyo engkang dhat kinurmatan,poro kadang mudo taruno engakang tansah kulo trasnani,langkung-langkung dumateng shohibul walimah nuwun inggih bopo.....engkang tansah kulo hormati,pinanganten kekalih engkang berbahagia.
Pujo puji syukur kito haturaken ing ngarso gusti engkang moho kuwoso engkang sampun maringi pinten-pinten karohmatan,taufiq hidayah tuwen inayahipun dumateng kito sdoyo sahinggo ing ksempatan puniko kulo lan panjenengan sdoyo waget ijabatudda’wah hangrawuhi punopo engkang dados atur pamundutipun bopo.....dalam rangka walimatul ‘usry kanti mboten manggihi alangan stunggaling punopo,kanti puniko monggo syukur billisan kito ikroraken sesarebgab mawi wahosan kalimah tahmid ALHAMDULILLAHI ROBBIL ‘ALAMIIN. Sholawat tuwen salam mugi katetepno ing ngarso junjungan  kito nabi agung muhammad SAW engkang tansah kito sdoyo antu-antu menggah syafa’atipun wiwit kito gesang ing ngalam ndunyo puniko ngantos gesang kito samangkih ing ngalam akhirat...
Porp pilenggah kakung putri sdoyo engkang tansah kulo mulya’aken, nuwun agungeng samudro pangaksami awet sangkeng kawulo kumawantun cumantoko ing ngarso panjenengan sami hangirangi ing kamardikan mboten sanes hanamung anyendikani pamundutipun shohibul walimah nuwun inggih bopo....engkang supados andere’aken lampahing pawiwahan ing wekdal siang/sonten puniko,ngemuti wekdal sampun sak antawis siang pramilo monggo acoro deme ocoro kito milai, ananging sak derengipun langkung rumiyin kulo wahosaken menggah rantaman-rantamanipun acoro engkang badhe kalampah samangkeh..
Acoro engkang ongko sepisan nuwun inggih pambuko
Acoro engkang ongko 2 nuwun inggih atur pasrah sangking pihak temanten kakung,paripurnanipun atur pasrah katerasaken acoro engkang ongko 3 nuwun inggih atur panampi pasrah saking pihak temaren putri.atur pambagyo harjo dumawah adicoro engkang ongko 4,slajengipun acoro engkang ongko 5 nuwun inggih mau’idhoh hasanah,tuwen acoro engkang ongko trahir nuwun inggih panutup.mekaten menggah wontenipun acoro demi acoro engkang kalampah samangkeh fa’ingsya alloh.sumonggo acoro engkang sepisan kito bikak sareng-sareng mawi wahosan ummul kitab.
Dumawah acoro engkang ongko 2 nuwun inggih atur pasrah saking pihak temanten kakung,pramilo kagem duto saking temanten kakung kulo sumangga’aken sumonggo....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar